Kamis, 21 September 2023

Sambutan Sebelum Khotmil Qur'an Bagi Anak Laki-laki Bahasa Jawa

Assalamu ‘alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh



Alhamdulillahi Robbil ‘alamin

Wabihi nasta’inu ‘ala umuriddunya waddin

As-sholatu wassalamu ‘ala asyrofil mursalin

Wa’ala alihi wasohbihi ajma’in

Amma ba’du.




Dumateng poro ‘alim soho bapak kyai ingkang kulo mulyaaken,

Dumateng poro bapak soho khadirin ingkang kulo hormati,

Ugi dumateng rencang-rencang ingkang kulo tresnani.



Sakderengipun khotmil qur’an kulo wahos, Kulo perlu syukur dumateng allah ta’ala, kanti ucapan Alhamdulillahi robil ‘alamin.

Ing saat puniko kulo tasih pinaringan sehat wal afiat, Sehinggo saget pinarak wonten ngerso panjenengan, sak perlu maos khotmil qur’an.



Allahumma Sholli ‘ala sayyidina Muhammad Wa’ala ali sayyidina muhammad. Sholawat meniko senantiasa dipun sanjungaken dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW, ingkang kito cadong syafa’atipun.



Kulo sampun dumugi wancinipun aqil baligh utawi manjing mukallaf.

Saking puniko kulo perlu ngucapaken, lan nyakseaken kalimah mubayaah dumateng panjenengan sedoyo, Inggih puniko syahadat kalih:

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM

ASHADU AN LAILAHA ILLALLAH WA ASHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLAH (3 KALI)

SHOLLALLAHU ‘ALAIHI WASALLAM `



Dumateng poro bapak ingkang kulo mulyaaken.

Kulo tasih belajar utawi bibinahu.

mbok bilih anggen kulo maos khotmil qur’an sak mangkeh kirang tertil, utawi manggihi kelepatan anggen kulo maos, panjenengan kulo aturi ngleresaken, ugi nyuwunaken pengaponten dumateng allah ta’ala.



Cekap semanten muqoddimah saking kulo.

mbok bilih wonten kekirangan ugi kesalahan ingkang kulo sengaja, kulo nyuwun pengaponten dumateng panjenengan sedoyo.



Wabillahi taufiq wal hidayah ,

Wassalamu alaikum warohmatullahi wabarokatuh.



Sak lajengipun khotmil qur’an kulo milai.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar