Kamis, 21 September 2023

Sambutan Sebelum Khotmil Qur'an Bagi Perempuan Bahasa Jawa

ASSALAMU ‘ALAIKUM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH



ALHAMDULILAHIL QOIL,

ARROHMANU ALLAMAL QUR’AN,

KHOLAQOL INSANA ALLAMAHUL BAYAN,

WAS SHOLATU WAS SALAMU ALA MAN UNZILA ‘ALAIHIL QUR’AN,

WA ‘ALA ALIHI WA ASKHABIHILLADZINA TA’ALLAMU WA ‘ALLAMAL QUR’AN,

AMMA BA’DU.




Dumateng poro ‘alim soho bapak kyai ingkang kulo mulyaaken,

Dumateng poro ibu lan khadhirot ingkang kulo hormati,

Ugi dumateng rencang-rencang ingkang kulo tresnani.

Sakderengipun khotmil qur’an kulo wahos, Kulo perlu syukur dumateng allah ta’ala, kanti ucapan ALHAMDULILLAHI ROBIL ‘ALAMIN.

Ing saat puniko kulo tasih pinaringan sehat wal afiat, Sehinggo saget pinarak wonten ngerso panjenengan, sak perlu maos khotmil qur’an.



ALLAHUMMA SHOLLI ‘ALA SAYYIDINA MUHAMMAD WA’ALA ALI SAYYIDINA MUHAMMAD,

Sholawat ugi salam senantiasa kita sanjungaken dumateng beliau nabi agung Muhammad SAW, ingkang kito cadong syafa’atipun.



Kulo sampun dumugi wancinipun aqil baligh, Saking puniko kulo perlu ngucapaken, lan nyakseaken kalimah mubayaah dumateng panjenengan,

Inggih puniko syahadat kalih:

BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM

ASHADU AN LAILAHA ILLALLAH WA ASHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLAH (3 KALI)

SHOLLALLAHU ‘ALAIHI WASALLAM .



Dumateng poro ibu ingkang kulo mulyaaken.

Kulo tasih belajar utawi bibinahu, mbok bilih anggen kulo maos khotmil qur’an sak mangkeh kirang tertil, utawi manggihi kelepatan anggen kulo maos, panjenengan kulo aturi ngleresaken, ugi nyuwunaken pengaponten dumateng allah ta’ala.


Cekap semanten muqoddimah saking kulo.

mbok bilih wonten kekirangan ugi kesalahan saking kulo sak keluarga, kulo nyuwun pengaponten dumateng panjenengan sedoyo.



WALLAHUL MUWAFIQ ILA AQWAMITH THORIQ,

WASSALAMU ALAIKUM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH.



Sak lajengipun khotmil qur’an kulo milai

Tidak ada komentar:

Posting Komentar