Senin, 29 September 2014

Ayahane Tembung




Ayahane Tembung Ing Basa Jawa

Ayahane Tembung
Ayahane tembung utawa lungguhing tembung ing basa Indonesia diarani “jabatan kalimat”. Ngudhal ukara manut ayahane tembung ateges nggoleki parangane ukara sing diarani jejer, wasesa, lesan lan katrangan ( Ind: subyek, predikat, obyek dan keterangan).

Tuladha :

Dodi tuku sepatu esok mau.
Dodi        = jejer
Tuku        = wasesa
Sepatu     = lesan
Esok mau = katrangan

Warna-warnane katrangan yaiku :
  1. Katrangan wayah         : esok, sore, saiki, bengi, lsp.
  2. Katrangan cacah          : lima, sethithik, akeh, arang, lsp.
  3. Katrangan papan / panggonan : ing dhuwur kursi, ing lapangan, lsp.
  4. Katrangan ukur            : abot, gedhe, cedhak, dawa, lsp.
  5. Katrangan sebab          : jalaran lunga, amarga lara, amarga isih cilik, lsp.
  6. Katrangan maksud / ancas : supaya resik, supaya padhang, kareben waras, lsp.
  7. Katrangan kahanan       : reged, kasar, lurus, resik, lsp.




..................................oo00O00oo..................................

Mugi-mugi saget maringi manfaat...
Sumber  Pustaka
  • Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media, Hlm. 13


Tidak ada komentar:

Posting Komentar