Senin, 29 September 2014

Candrane Perangan Awak Ing Basa Jawa



Candrane Perangan Awak Ing Basa Jawa



1.   Alise nanggal sepisan

2.   Astane nggendhewa gadhing

3.   Athi-athine ngudhup turi

4.   Bangkekane nawon kemit

5.   Bathuke nyela cendhani

6.   Bokonge manjang ilang

7.   Cahyane sumunar

8.   Drijine mucuk eri

9.   Godhege simbar rumembun

10.  Gulune angelung gadhung

11.  Gulune ngolan-olan

12.  Idepe tumenga tawang

13.  Irunge ngudhup mlathi

14.  Irunge kencana pinatar

15.  Janggute Nyangkal Putung


16.  Kempole ngembang pudhak

17.  Kempole nyuthang walang

18.  Lakune kaya macan luwe

19.  Lambene nggula sathemlik

20.  Lambene nyigar jambe

21.  Lambene manggis karengat

22.  Lembehane mblarak sempal

23.  Lengene nggendewa pinenthang

24.  Mripate blalak-blalak

25.  Mripate liyep lindri

26.  Pakulitane ngulit langsep

27.  Pamulune bengle kairis

28.  Pamulune prada binabar

29.  Pawakanae sedhet singset

30.  Pipine nduren sajuring

31.  Polatane ruruh jatmiko

32.  Praene ndamar kanginan

33.  Pundhake nraju mas

34.  Rambute ngandhan-andhan

35.  Rambute ngembang bakung

36.  Sinome micis wutah

37.  Sinome mbibis mabur

38.  Susune nyengkir gadhing


39.  Swarane Ngombak banyu


40.  Ulate damar kanginan


41. Untune mijil timun


42.  wentise mukang gangsir




..................................oo00O00oo..................................

Mugi-mugi saget maringi manfaat...
Sumber  Pustaka
  • Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media, Hlm. 17 - 18


Tidak ada komentar:

Posting Komentar