Senin, 29 September 2014

Prenahe Sadulur Ing Basa Jawa


Prenahe Sadulur Ing Basa Jawa


1
Sadulur
Kang tunggal bapak ibu
2
Sadulur misanan
Sadulur tunggal embah; nakdulur
3
Sadulur mindhoan
Sadulur tunggal buyut
4
Keponakan
Anake sadulur tuwo utowo sadulur enom
5
Putu
Anake anak
6
Putu keponakan
Anake keponakan
7
Paklik
Adhine bapak utowo ibu (lanang)
8
Bulik
Adhine bapak utowo ibu (wadon)
9
Pakdhe (uwa)
Kangmase bapak utowo ibu (lanang)
10
Budhe (uwa)
Mbakyune bapak utowo ibu (wadon)
11
Maratuwo
Wong tuwane bojo
12
Anak mantu
Bojone anak
13
Putu mantu
Bojone putu
14
Besan
Wong tuwane mantu
15
Ipe
Sadulure bojo
16
Pripean
Sadulure bojo
17
Sadulur kuwalon
Sadulur tunggal  bapak seje ibu, utowo tunggal ibu seje bapak
18
Bapak kuwalon
Dudu bapakne dhewe
19
Anak angkat
Bocah liya sing diakoni anak
21
Tunggal Banyu
Sedulur tunggal guru
22
Tunggal Welat
Sedulur tunggal bapak ibu


Mugi-mugi saget maringi manfaat...

Sumber  Pustaka
  • Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media, Hlm. 15 - 16



Tidak ada komentar:

Posting Komentar