Senin, 29 September 2014

Jeneng-jeneng panggonan




 Jeneng-jeneng panggonan ing basa jawa


Berikut Nama-nama tempat dalam bahasa jawa / Jeneng-jeneng panggonan ing basa jawa :

Istilah
Jenenge Panggonan
Alun-alun
Palemahan jembar ing satengahing kutha.
babadan
Palemahan sing wis dibabadi.
Bale mangu
Papan kanggo ngadili wong nyalahi ukum.
bango
Papan kanggo dodolan.
bangsal
Omah gedhe kanggo pasamuwan.
beteng
Tembok gedhe ing sakubenge kraton lan sapinunggale utowo loji (kompeni) sing diubengi tembok gedhe.
bong
Kuburan Cino
bothekan
Kothak mawa slorogan kanggo wadhah jamu utowo bumbu sapanunggale.
cakruk
Omah pajagan ing pinggir dalan
clunthang
Wadhah jangkrik.
endhong
Wadha panah (didokok ing geger)
epok
Wadhah kinang (kalebu upacara)
esong
Growongan ing pinggir kali; omah landak.
gayor
Canthelan gong.
Gedhongan
Kandhang jaran.
gerdhu
Omah pajagan
glodhog
Kothak kanggo ngingu tawon.
greja
Omah kagem sembahyang wong Kristen.
gowok
Growongan ing kayu lan sapanunggalane (susuhe manuk)
grobog
Kothak gedhe kanggo sesimpen; lemari panganan.
gubug
Omah cilik ing sawah (tegal) kanggo tanduran.
gudhang
Omah gedhe kanggo nandho barang-barang; kamar kanggo nyimpen barang-barang.
Gupit mandagragini
Gedhong kanggo turu.
hotel
Omah gedhe kanggo panginepan
iyan
Wadhah ngeler sega.
jodhang
Wadhah pesagi kanggo nggawa panganan lan sapanunggalane mawa pikulan
jun
Wadhah banyu (kanggo ngangsu).
kabupaten
Daleme bupati
Kadhaton, kraton
Daleme ratu
kandhang
Omahe kewan ingon (kebo, sapi, wedhus, lan sapanunggale)
Kanthongan
Sak ing klambi; wadhah barang cilik-cilik.
Kantor bank
Kantor ngurusi dhuwit
Kantor pos
Kantor ngurusi surat-surat lan sapanunggalane.
klentheng
Omah kanggo sembahyang wong Cino.
kombong
Kandhang pitik, bebek, lan sapanunggalane.
krangkeng
Kandhang kewan galak dipageri wesi.
kranjang
Wadhah kang digawe pring nam-naman
kuncung
Omah cilik sangarepe pandhapa.
kurungan
Piranti kanggo ngurung manuk, pitik, lan sapanunggale.
langgar
Omah cilik kanggo sembahyang utawa mulang ngaji.
leng
Bolongan ing lemah dadi omahe gangsir, semut lan sapanunggalane.
loji
Omah gedhong sing apik.
lumbung
Omah kanggo simpen pari
mesjid
Omah kanggo sembahyang wong Islam.
Pacrabakan
Papan kanggo sang wuku; pamulangan.
padaringan
Wadhah simpen beras
padasan
Gethong mawa pancuran kanggo wudu.
padhepokan
Papan patapan; omah pandhita.
paestren
Sawah ing tepining kali.
paga
Papan kanggo simpen bekakas pawon.
pagagan
Palemahan sing ditanduri pari gaga.
pagajih
Palemahan waled (neb-neban lendhut) saka kali.
pagupon
Omah dara.
paidon
Wadhah idu.
pakebonan
Palemahan jembar ditanduri wit-witan
pakunjaran
Omah gedhe kanggo ngunjara wong.
pelabuhan
Papan kanggo labuh (leren) kapal utowo prau.
palataran
Palemahan sangarepe omah.
pamulangan
Papan kanggo memulangan (sekolahan).
pandhapa
Omah ing ngarep kanggo nemoni tamu
Panepen
Papan kanggo nenepi (semedi, topo, sak panunggalane)
pantisari
Omah cilik satengahing patamanan
Papon
Wadhah enjet (apu)
pasanggrahan
Papan panginepan ing sajabaning kutho
pasantren
Omah kanggo sinau (maguru) para santri
pasar
Papan kanggo dol tinuku barang.
pasetran
Papan pambuwangan bangke
pasisir
Palemahan pinggir segara.
patamanan
Palemahan sing ditanduri kekembang
patapan
Papan kanggo wong topo; omah pandhita
patarangan
Panggonan ngendhog pithik
pawon
Papan (omah) kanggo olah-olah.
payudan
Ara-ara kanggo perang.
pinihan
Palemahan dienggi ndhedher winih ing sawah.
plangkan
Jagragan sanggan tumbak, payungan lan sakpanunggale.
plegukan
Papan dienggo sapi ngaso ing eyuban.
ploncon
Gawangan kayu mawa bolongan kanggo ndokok teken, tumbak, sak panunggale.
pluwang
Luwangan kanggo masangi kewan alasan.
pomahan
Pekarangan sing diedegi omah.
pondhok
Omah dienggo mondhok ngaji para santri.
pragen
Wadhah bumbu sarta uyah.
Pranji
Kandhang pitik
ranggon
Gubug (kaya panggungan) kanggo paleren ing alas utowo jogo kewan.
rong
Leng sing gedhe (omah, ulo, yuyu, iwak, lan sakpanunggale)
Rumah sakit
Omah kanggo ngrumat wong lara.
sanggar
Omah kanggo muja semedi
segaran
Tetirone segara.
sekolahan
Papan kanggo sinau lan memulang.
selon
Bumbung wadhah bumbu (trasi, Lombok, lan sakpanunggale)
senthong
Guthekan ing sajroning omah kanggo papan turu.
stasiun
Papan endheg-endhegan sepur.
setren
Sawah ing pinggiring kali.
slepen
Wadhah rokok (sing digawe mendhong)
sudhung
Gegrumbulan omah celeng.
susuh
Omah manuk (tikus, bajing lan sakpanunggale)
tabong
Luwengan kanggo ngobong gendheng.
tala
Omah tawon
talun
Pagagan ing pagunungan
tambak
Blumbang ing pasisir dienggo ngingu bandeng
tangsi
Omahe (pamondhokane) saradhadhu.
tegalan
Palemahan sing ditanduri palawija
tulang
Kothakan cilik kanggo adu jangkrik
Warung
Papan kanggo dodolan (panganan, lan sak panunggale)
wrangka
Kayu urunge keris, tumbak sak panunggale.


..................................oo00O00oo..................................

Mugi-mugi saget maringi manfaat...
Sumber  Pustaka
  • Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media

Tidak ada komentar:

Posting Komentar