Selasa, 30 September 2014

Tembung Entar Ing Basa Jawa





Tembung Entar Ing Basa Jawa



 Perumpamaan
Artine
A

Abang kupinge
Nesu
Abang-abang lambe
Mung kanggo lelamisan, ora temenan
Adol bagus (ayu)
Ngatonake baguse (ayune)
Adol gawe
Ngatonake pagaweane
Adol kringet
Nyambut gawe
Adol kawanen
Nduduhake kawanene
Adol prungon
Golek-golek kabar
Adol sendhe
Adol barang menyang gadhen
Adol senguk (umuk)
Akeh omonge kang ora nyata
Adus eluh
Banget anggone nangis
Ala kandhutane
Ala watake
Alus tembunge
Tembunge kapenak dirungokake
Amba jangkahe
Akeh ikhtiyare
Asor budine
Bebudene ora apik
Ati dhondhong
Atine ala
Ati kethul
Ora bisa mikir
Atine ana wulune
Atine ora apik, dengki
Atine pingget
Atine lara, serik
B

Mbalang liring
Nglirik
Bening atine
Sumeh
Mbukak wadi
Ngandhakake wadi
Mbuwang tilas
Nutupi tumindak ala
C

Cagak elek
Sing dianggo sarana betah melek
Cangkem gatel
Seneng ngrasani
Cendhak umure
Gelis mati
Cepak rejekine
Gampang golek pangan
Cilik atine
Kuwatir; jirihan
Cupet atine
Gampang nesu
Cupet budine
Ora bisa nggayuh prakara kang utomo
Cupet nalare
Ora bisa mikir warna-warna
Cupet pangandel
Ora pracaya
D

Dawa tangane
Seneng njejupuk barange liyan (clemer)
Dawa ususe
Sabar banget
Ndhedher kautaman
Golek kautaman
Dhuwur atine
Gumedhe
Dhuwur pangkate
Dadi wong pangkat (sugih)
E

Empuk rembuge
Rempuge kepenak dirungokake
Entek atine
Kuwatir banget
Entheng tangan
Seneng tandang gawe; seneng milara
G

Nggadho ati
Gawe susahe liyan
Gantung kepuh
Nyandhang ora tau ganti
Nggantung untu
Selak kepingin mangan
Gedhe atine
Ora kuwatiran; tatag; kendel
Gedhe endhase
Sombong (kemlungkung)
Gedhe tekade
Ora gelem mundur
Nggedhekake puluk
Ora apa prihatine, nengenake mangan
Nggegem tangan
Emoh tumandang gawe, kesed
Gilig rembuge
Tansah disarujuki, dicocoki
Gilig tekade
Tekade wis mateng
Nggilud kawruh
Ngudi kawruh kanthi mempeng
Golek ayu
Ngudi supaya urip slamet
I

Idu geni
Omonge tansah kelakon
Ilang klilipe
Ilang mungsuhe
J

Jembar dhadhane
Sabar banget; sugih pangapura
Jembar kawruhe
Akeh ilmune
Jembar kubure
Mlebu swarga
Jembar polatane
Pinter
Jembar segarane
Gampang pangapura.
K

Kaku atine
Tansah ora sarujuk
Kandel kupinge
Ora nggugu pitutur
Kasar tembunge
Tembunge sarwa saru
Katon dhadhane
Wani adu arep
Kegugah atine
Eling marang (sadhar)
kelepetan
Katut ala
Kembang lambe
Tansah diucapake
Kembang pati
Lantarane pati
Kena tinenga-tenga
Kena disambati
Kenceng karepe
Kekarepane ora bisa owah
Kulak warta
Golek warta
L

Lambe ati
Watak
Landhep pikirane
Pinter banget, gampang mangerti
Lara ati
Serik
Lara ayu
Cacaren
Lara owah
Gendheng, edan
Lobok atine
Sabar
Lurus lakune
Jujur
Lunyu ilate
Gunemane mencla-mencle
M

Main eseme
Eseme ngresepake ati
Mara tangan
Seneng milara
Mata dhuwit
Tamak marang dhuwit; petung banget
Mata loro
Kabeh prakara diantepi
Mateni pangane
Gawe ilang panguripane
Mateng rembuge
Rembuge wis dimupakati
Mateng kawruhe
Kawruhe wis tutug
Mati ilate (kulite)
Wis ora duwe rasa
Mati raga
Tapa; prihatin; tirakat
Medhot dalan
Ora nerusake
Metani lupute
Nggolek lupute
Mogel ilate
 Mangan sing sarwa enak
M ogol sinaune
Mandheg anggone sinau
Murang tata
Ora nganggo tata
N

Nandur kabacikan
Gawe kabacikan
Ngabangake kuping
Gawe nesu, muring
Ngadu wuleding kulit
Ngadu kakuwatan
Ngangsu kawruh
Golek kawruh (maguru)
Ngatonake siyunge
Nduduhakke kawanene (kakendele)
Ngatonake dhadane
Umuk; nduduhake kawanene
Ngekep dhengkul
Nganggur
Ngendhaleni hawa napsu
Nyegah kekarepan ala
Ngenaki ati
Gawe senenge ati
Ngepuh kringet
Tandang gawe mempeng banget
Ngetog karosan
Nyrempeng banget
O

Ngobong atine
Ngetokake nepsune
Oleh ati
Tanpa katresnan; disenengi
Ora duwe ati
Kuwatir banget
Ora merem
Mangerti
P

(weruh) padhang hawa
Lair ing donya
Padhang langite
Katon seneng
Padhang pikirane (atine)
Seneng
Padhang ulate
Sumeh
Pait getir
Warna-warna kasusahan, karibedan
Pait lelakone
Ora kepenak lelakone
Panas atine
Nesu
Pecah pamore
Wis wiwit diwasa
Papan kekiwa
Panggonan kang ora adhakan
Pedhes tembunge
Tembunge gawe serik
Perih atine
Sedhih
Pingget atine
Serik
Peteng atine (pikire)
Susah
Pulih getih
Puk, ora kalah ora menang
Puput yuswa
Seda
R

Ngrabekake sikut
Senggolan sikut
Rai gedheg
Ora duwe isin
Ngrengga praja
Njaga awak
Runtuh atine (welase)
Duwe welasan
Rupak atine (segarane)
Ora gampang ngapura
Rupak jagade
Judheg; kentekan pasaban
S

Sabuk galeng
Sugih sawah
Sepi kawruh
Ora duwe ilmu
Seret rejekine
Ora gangsar golek rejeki
Sesak dhadhane
Anyel
Sumpeg atine
Susah
T

Tatu atine
Serik
(ke) tengen
Sing dikasihi (ditresnani)
Tipis lambene
Seneng nggunem wong; criwis
Thukul turunane
Duwe turunan
U

Udang tangis
Akeh sing padha nangis
Utang pati
Gawe patine liyan (wong)
W

Walang ati
Kuwatir, sumela
Weteng Kadut
Ora tampikan

..................................oo00O00oo..................................

Mugi-mugi saget maringi manfaat...
Sumber  Pustaka
  • Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media

3 komentar: