Senin, 29 September 2014

Sebutane Bocah Ing Basa Jawa





Sebutane Bocah Ing Basa Jawa


1
Ontang-anting
Anak siji lanang
2
Uger-uger lawang
Anak loro lanang kabeh
3
Cukit dulit
Anak telu lanang kabeh
4
saramba
Anak papat lanang kabeh
5
pandhawa
Anak lima lanang kabeh
6
Unting-unting
Anak siji wadon
7
Kembang sepasang
Anak loro wadon kabeh
8
Gotong mayit
Anak telu wadon kabeh
9
sarimpi
Anak papat wadon kabeh
10
pancagati
Anak lima wadon kabeh
11
Kedhana-kedhini
Anak loro lanang wadon
12
Sendhang kaapit pancuran
Anak telu, lanang-wadon-lanang.
13
Pancuran kaapit sendhang
Anak telu, wadon-lanang-wadon
14
Keblat papat
Anak papat lanang wadon
15
sapasar
Anak lima lanang wadon
16
Ipil-ipil (pipilan)
Anak lima, lanang siji
17
padangan
Anak lima, wadon siji
18
Pandhawa nyandhangi
Anak nem, wadon siji waruju
19
kembar
Anak loro lanang kabeh utowo wadon kabeh laire bareng
20
dhampit
Anak loro lanang lan wadon laire bareng
21
Gilir kacang
Anak akeh, giliran lanang wadon
22
Lumpat kidang
Anak akeh, ora giliran lanang wadon
23
garendhel
Anak lanang pirang-pirang kang waruju/ragil wadon (utowo kosok baline)
24
gendhong
Anak lanang pirang-pirang, kang tengah wadon
25
pathok
Anak wadon pirang-pirang, kang tengah lanang
26
sumarak
Anak pirang-pirang, sing lanang luwih akeh
27
anggana
Anak akeh, sing urip keri siji.
28
cemani
Bocah ireng mulus
29
Wungle, bule
Bocah putih mulus
30
Gondhang kasih
Anak loro seje pakulitane, siji putih siji ireng
31
Julung kembang
Bocah lair bareng plethek ing srengenge
32
Julung sungsang
Bocah lair wektu bedhug awan.
33
Julung sarab
Bocah laire ngarepake surup srengenge
34
Jurung caplok
Bocah laire barengi surupe srengenge
35
margana
Bocah lair pinuju ibune ing lelungan
36
Wuyungan
Bocah lair pinuju ana perang (gegeran)
37
wahana
Bocah lair pinujo ibune ana ing pasamuwan
38
jempina
Bocah lair durung wektune (umpamane 7 sasi)
39
yatim
Bocah sing lair ora menangi bapake
40
lola
Bocah sing wis ora duwe bapa biyung
41
Lola bapak (biyung)
Bocah sing ora duwe bapak (biyung) marga mati
42
sumala
Bocah cacad awit lair
43
Thok-thing
Bocah laire sirahe cilik
44
Pambaren
Anak sing nome rsiji
45
Panggulu
Anak sing nomer loro
46
Pandhadha
Anak sing nomer telu
47
Sumendhi
Kakang wuragil utowo kakangane anak ragil
48
Wuragil, waruju
Anak sing keri dhewe



..................................oo00O00oo..................................

Mugi-mugi saget maringi manfaat...
Sumber  Pustaka
  • Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media, Hlm. 16 - 17


Tidak ada komentar:

Posting Komentar