Senin, 29 September 2014

Patrape Nggawa



 

Patrape Nggawa Ing Basa Jawa



1
Mandhi
Nggawa ( bedhil gada ) dipanggul
2
Manggul
Nggawa ditumpangake ing pundhak (cengel )
3
Mbopong
Nggawa sarana ditumpangake ing tangan loro
4
Mikul
Nggawa nganggo pikulan ( ditumpangake ing pundhak)
5
Munji
Manggul bocah ( tangane bocahe cekelan sirahe sing manggul )
6
Ngemprit
Nggawa dijapit ing cangkalan ( kelek )
7
Ngemban
Nggawa ing bangkekan  nganggo slendang
8
Ngindhit
Nggawa ing bangkekakn ( nggawa kranjang, klenthing )
9
Nggembol
Nggawa apa-apa dilebokke ing jarit
10
Nggendhong
Nggawa ditumpangake ing geger
11
Nggotong
Nggawa kajunjung wong akeh
12
Nyangga
Nggawa di tumpangake ing tangan
13
Nnyangking
Nggawa digantung ing tangan
14
Nyangklek
Nggawa dilinggihake ing bangkekan banjur dirangkul
15
Nyengkiwing
Nggawa sing panyekele ing pucuking bae
16
Nyunggi/nyuwun
Nggawa ditumpangake ing sirah

..................................oo00O00oo..................................

Mugi-mugi saget maringi manfaat...
Sumber  Pustaka
  • Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media


Tidak ada komentar:

Posting Komentar