Selasa, 30 September 2014

Cangkriman Ing Basa Jawa




 Cangkriman Ing Basa Jawa



Cangkriman iku unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan.

a). Cangkriman wancah (cekakan), tuladha (contoh) 
  1. Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  2. Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  3. Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  4. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
  5. Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
  6. Kabaketan : Nangka tiba neng suketan
  7. Yumaerong : yuyu omahe ngerong
  8. Suru bregitu : asu turu di bregi watu
  9. Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren
  10. Nasgithel : Panas, legi, kenthel


b). Cangkriman pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :

  1. Pitik walik saba kebon ( nanas )
  2. Urang sapikul matane pira ? ( ana 6 = Urang, sapi, kul )
  3. Sega sakepel dirubung tinggi, apa ? ( salak )
  4. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong ( kates )
  5. Emboke di elus elus anak di idak-idak ( andha )
  6. Gajah nguntal sangkrah ( pawon )
  7. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngundhuh krambil )
  8. Kebo bule cancang merang ( buntil )
  9. Disuguh opak angin ( ora disuguhi apa-apa )
  10. Anake gelungan ibune ngrembyang ( pakis )
  11. Wes gedhe kok ngguyu tawa ( nangis )
  12. Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
  13. Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon ( dom / jarum).
  14. Wit adhikih woh adhakah   ( waloh )
  15. Wit adhakah woh adhikih  ( ringin )
  16. Emboke wuda, anake tapihan ( pring )
  17. Dikethok malah dhuwur ( celana )


c). Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :

  1. Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
  2. Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
  3. Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
  4. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam mesem wong sing nunggu, dudusing mati.
  5. Lampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)


d). Awujud sinawung ing tembang, tuladha (contoh) :

  1. Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
  2. sabamu ing sendhang,
  3. pencokanmu lambung kering,
  4. prapteng wisma si pocung muntah guwaya
  5. (batangane = klenthing/jun)

  • Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung
  • dawa kaya ula
  • pencokanmu wesi miring
  • sing disaba si pucung mung turut kutha 
  • (batangane : sepur)

  1. Bapak pucung
  2. dudu watu dudu gunung
  3. Sangkamu ing Plembang
  4. ngon ingone sang Bupati
  5. Yenlumampah
  6. Si pucung lembehan grana. (gajah)

  • Bapak pocung
  • Amung sirah lawan gembung
  • Padha dikunjara
  • Mati sajroning ngaurip
  • Mijil baka
  • Si pocung dadi dahana ( Penthol Korek )

..................................oo00O00oo..................................

Mugi-mugi saget maringi manfaat...
Sumber  Pustaka
  • Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media

Tidak ada komentar:

Posting Komentar