Sabtu, 20 September 2014

Contoh TEKS MC BAHASA JAWA Mujahadah




Assalamu’alaikum wr. wb.
Alhamdulillahirabbil alamin,wassolatu wasalamu ala asrofil ambiyai wal mursalin waala alihi wa-ashabihi aj-main ama ba”du.
Hadrotal mukarom

             Dumateng poro bapak alim ulama”
             poro kyai
             poro ustad
             poro tini sepuh
             poro rencang santri pesma darul hijroh ingkang kaulo hormati
             lan mboten kesupen dumateng sedoyo hadirin ingkang kaulo mulyaaken

Kaping sepisan monggo kulo dereaken samiyo Muji Syukur wonten ngarsani Ngayunan Dalem Gusti Allah Swt, kanti Waosan Tahmid, Alhamduliilahirobbil ‘alamiin, awit limpahan Rohmat taufiq sedhoyo Hidayahipun Allah ing wekdal ndalu meniko kulo lan panjenengan taseh saget makempal wonten ing majlis ingkang mubarrok meniko, mugi-mugi pakempalan puniko kacatet dening Allah minongko amal kesaenan, amiin Allohumma Amiin.

Salawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safa’atipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah, Allohumma Amin.

Hadirin-Hadirot ingkang tansah kito mulyaaken.

Monggo adicoro pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW kito milai, ananging sak derengipun, keparenga kula aminangkani pranoto adicoro maosaken menggah runtutipun adicoro ingkang bade kalampah.
Aminangkani Adicoro ingkang kapisan inggih puniko Pembukaan.
Adicoro ingkang kaping kalih waosan ayat-ayat suci AlQuran soho Sholawat nabi.
Adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah.
Adicoro ingkang kaping sekawan sambutan-sambutan.
Adicoro ingkang kaping gangsal Mau’idlotul khasanah
Adicoro ingkang kaping enem penutup kanti do’a.

Hadirin-hadirot ingkang kito mulyaaken

Monggo sesarengan acara ....................... kito bikak mawi waosan ummul Kitab :


liridlo illahi ta'ala wa li syafa'ati rasulillahi saw. wa bikaromati sulthonil auliya'i asy syekh abdul qodir al jailani ra. wa ala nuris salafi sholih wa ala ma nawa al-hadliruna wal hadliroti fi hadzal majlisi wa ala kulli niatin sholihati al-fatihah..

Kalajengaken adicoro inkang kaping kalih Wahosan ayat-ayat suci Al-Qur’an soho Shalawat Nabi Muhamamd SAW, ingkang badhe dipun astho dening __________________________ wekdal soho papan kito aturaken..

Kaljengaken adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah Tahlil ingkang bade dipun pimpin dening _________________________ wekdal soho papan kito aturaken.

Sambutan ingkang kaping sepisan aminangkani Panitia ingkang bade dipun asto dening _________________________________________ wekdal soho papan kito aturaken.

Kalajengaken sambutan ingkang kaping kalih saking ________________________________ wekdal soho papan kito aturaken.

Hadirin-Hadirot rohimmakumulloh

Kito lajengaken adicoro ingkang kaping gangsal Mau’idlotul Khasanah soho doanipun ingkang bade dipun asto dening ________________________________________________ dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kito aturaken.

Kanti waosan doa kolonembi aminangkani paripurnaninipun adicoro sewelasan soho penutupan mujahadah kholwat, saking kula sedoyo lepat awal tumugi akhir nyuwun agunging pangapunten.

Wallohul Muwaffiq Ila Aqwamit Thorieq
Wassalamu’alaikum Wr Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar