Sabtu, 20 September 2014

Belajar MC Bahasa Jawa Pengajian




ASSALAMUALAIKUM.WR.WB

                Alhamdulillahirabbil alamin,wassolatu wasalamu ala asrofil ambiyai wal mursalin waala alihi wa-ashabihi aj-main ama ba”du.
Hadrotal mukarom
             Dumateng poro bapak alim ulama”
             poro kyai
             poro ustad
             poro tini sepuh
             poro rencang santri pesma darul hijroh ingkang kaulo hormati
             lan mboten kesupen dumateng sedoyo hadirin ingkang kaulo mulyaaken
                Puji syukur alhamdulillah dumateng ngarsanipun allah swt,kranten berkat rohmat soho hidayahipun sehinggo kito saget magempal wonten ing meniko majlis inggih meniko wonten ing masjid darul hijroh  kanthi keadaan sehat wal afiat,mugi-mugi nikmat engkang kados mekaten dipun langgeng ngaken dening allah SWT.
allahuma amin.
                Sholawat serto salam mugi-mugi tetep dipun aturaken dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad saw,kranten menikolah nabi utawi rasul engkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten yaumil qiyamah,mugi-mugi kito sedoyo saget angsal syafaatipun saking rasullulah SAW mbenjang wonten yaumil qiyamah allahuma amin.
Poro rawuh ingkang kaulo hormati !
                Keparing Matur bileh wonten ing mriki kaulo kajibah minangkani pranoto acoro awit gegayutan wekdal sak antawis dalu pramilo badhe kaulo waosaken reranci-ing adiacoro engkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko…..
1.       Adiacoro engkang ongko setunggal inggih meniko pembikaan.
2.       Dumawah adiacoro engkang ongko kaleh inggeh meniko waosan ayat suci al-quran
3.       Dumawah adiacoro engkang ongko tigo inggih meniko atur pembagio utawi sambutan-sambutan
4.       Adiacoro engkang ongko sekawan inggih meniko mauidoh hasanah
5.       Adiacoro engkang ongko gangsal inggih meniko pamungkas ingkang badhe dipun isi kalian doa
                Poro rawuh engkang kulo hormati menikolah reranci-ing adiacoro engkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko,pramilo monggo kito bikak acoro engkang ongko setunggal meniko kanthi wasilah surat al-fatihah mugi-mugi acoro engkang badhe kito lampai mangke mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo.
 alfatihah……………
 Dipun aturaken matur sembah nuwun……
                Adiacoro engkang ongko kaleh inggih meniko waosan ayat suci al-quran engkang badhe dipun waosaken dening sederek……Fauzi…..wekdal soho panggenan dipun sumangga-aken.
Dipun aturaken matur sembah nuwun…..
                Dumawah adiacoro engkang ongko tigo inggih meniko atur pembagio utawi sambutan-sambutan,engkang badhe dipun sambut dening sederek …Yusuf…wekdal soho panggenan dipun sumangga-aken….
 Dipun aturaken matur sembah nuwun…….
                Dumawah adiacoro ingkang ongko sekawan inggih meniko mauidoh hasanah engkang badhe dipun isi dening Almukarom Romo…H.Tamad….Wekdal soho panggenan dipun sumangga-aken……
 Dipun aturaken matur sembah nuwun…..
                Dumawah adiacoro ingkang ongko gangsal inggih meniko pamungkas/doa ingkang badhe dipun pimpin dening Bapak…Syahroni….Wekdal soho panggenan dipun kaulo sumanggaaken….
 Poro sederek ingkang minulyo..

                Menikolah reranciing adiacoro ingkang sampun lumampah wonten ing wekdal dalu puniko,kulo atas nami pranoto acoro mbok bileh wonten kasar sarunipun rembuk soho kirang trepsilaning kulo nyuwun agungipun samudro pangapsami.

               
                Wallahumuwafiq ila aqwamit thoriq


                Wasalamualaikum.wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar