Selasa, 30 September 2014

Nama Pekerjaan ing Bahasa Jawa





Nama Pekerjaan ing Bahasa Jawa



Istilah
Jenenge pagawean
algojo
Tukang ngukum pati
babu
Wong wadon sing gaweane momong sak panunggalane.
bajag
wong sing gawene begal ing segara
bakul
Wong sing gaweane dodol barang (cilik-cilikan)
batur
Wong sing gaweane ngrewangi pagawean.
begal
Durjana (maling) ing dalan sepi
bendung
Wong sing gawene mbendung
blandong
Tukang ngegor kayu (ing alas lan sakpanunggale)
blantik
Bakul kewan (rajakaya, manuk, lan sakpanunggale)
buruh
Wong sing nyambut gawe ngalap opah.
cantrik
Abdine pandhita ngiras dadi muride
dhalang
Wong sing gaweane nglakokake lan nyritakake wayang.
dokter
Wong sing gaweane ngobati wong lara.
emban
Wong sing gaweane momong bocah.
empu
Wong kang pinunjul/ boten wani di lawan (pujangga, ahli, lan sakpanunggale); pandhe
gamel
Tukang ngopeni jaran
gandhek
Utusan ratu (gaweane nglantarake dhawuh)
gemblak
Tukang gawe barang kuningan
gerji
Tukang ndondomi klambi
germa
Tukang mberburu kewan (ing alas)
guru
Wong sing gaweane mulang muruk ing pamulangan
jagal
Tukang nyembeleh rajakaya
jlagra
Tukang natah watu
juragan
Sudagar gedhe; lurahe pakaryan
Juru basa
Wong sing pinter negesi basa ngamanca/ jobo negoro
Juru dang
Tukang adang
Juru kunci
Wong sing gaweane ngrumat pasarean (papan kramat)
Juru tambang
Tukang nglakokake prau gethek ing kali
Juru silem
Wong sing gaweane nyilem ing segoro.
Juru sungging
Wong sing pinter nyungging (nggambar)
Juru terbang
Wong sing gaweane nglakokake motor mabur
Juru tulis
Wong sing gaweane nulis ing kantor
kemasan
Tukang gawe dandannan mas inten
koki
Tukang olah-olah
kondektur
Tukang nariki lan mriksa karcis ing bis (sepur)
kundhi
Tukang gawe grabah
kusir
Tukang nglakokake dhokar (kreta)
kyai
Wong sing pinter bab agama Islam; sebutane pusaka
Madhaharan
Juru olah-olah
malang
Pulisi desa
mandhor
Wong sing dadi pangarepe kuli
masinis
Tukang nglakokake sepur
merbot
Punggawa mesjid
molang
Bakul rajakaya
montir
Tukang ndandani mesin
mranggi
Tukang gawe wrangka/ wadhah keris utowo pusoko
Niyaga, wiyaga
Tukang nabuh gamelan
pacalang
Prajurit kang gaweane nglutakae utowo nametake lakune musuh
pakathik
Tukang nuntun jaran
Palara-lara
Para nyai cilik (enom)
palayang
Tukang ngeterake layang
pandhe
Tukang gawe barang wesi
panegar
Tukang ngajari jaran
panjak
Tukang ngladeni pande; niyaga
pangobeng
Wong kang buruh ngobeng (mbathik)
para
bakul mas inten
parekan
Para nyai kang katengen utowo dimanja (ing kraton)
pasindhen
Wong kang nyindheni (mbarengi nembang) gamelan
pawongan
Batur wadon
prajurit
Wong sing pagaweane bela Negara
pramugari
Wong sing gaweane ngladeni ing montor mabur, sepur, bis lan sakpanunggale.
pramuwisma
Wong sing gaweane ngrewangi pagawean bale omah
sarawedi
Tukang adol utowo nggosok inten berleyan.
sayang
Tukang gawe barang tembaga
sekater
Tukang naksir (nawarake) ing pagadhean
sinoman
Wong (nom-noman) sing gaweane laden
srati
Tukang ngrumat (ngupakara) gajah
sudagar
Wong dagang (gedhe)
supir
Tukang nglakokake montor
undhagi
Tukang gawe bekakas kayu.

..................................oo00O00oo..................................

Mugi-mugi saget maringi manfaat...
Sumber  Pustaka
  • Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media

7 komentar:

  1. Kepriye yen ana wong nyamvut gawe sing ora cocog karo keahliane ?

    BalasHapus
  2. Kepriye yen ana wong nyamvut gawe sing ora cocog karo keahliane ?

    BalasHapus
  3. Kepriye yen ana wong nyambut gawe sing ora cocog karo keahliane ?

    BalasHapus
    Balasan
    1. eo... bakale bubrah.. kecuali beno gak keahliane tapi nduweni kemauan seng gedhe...

      Hapus
  4. Wong kang pegaweane ngolek warta iku apa....

    BalasHapus
  5. Wong kang pegaweane nggolek warta iku apa...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wong seng gaweane golek warta arane adol krungon... Nek sek gaweane nulis warta arane juru warta

      Hapus